DWIJO LAN JEJIBAHANIPUN.
Dwijo/gurumeniko dipun anggep tiyang ingkang kathah
pangertosanipun, pramilo kathah sanget guru ingkangdados pangajenging
pakempalan. Pramilo calon guru kedah saged nglenggahi tuwin saged nindaaken
kapitadosanipun warganing bebrayan kolowau.
Jejeripun guru meniko kedah sagedsaged digugu lan ditiru
pramilo kedah pantes dados tulodho, sampun ngantos cidro ing uboyo(ingkar
janji) , berbudi bowo leksono(mnunggaling ucapan lan tumindakipun), lan saged
nglenggahi paugeraning guru sarto anggadhahi pangarso ingkang njawani.
Paugeraning dados guru meniko kirang langkung: asih dumateng
murid, telaten mucalipun,lumuh ing pamrih, tangagap ing sasmito ,sepen ing
panggrayanganlan wasis,sigit, lan mursid sarto ora ngendak kagunan lan ora
mburu pangalembono.
Jejibahan luhur poro guru inggih menikonggulawentah sarto
mulang muruk dumateng murid. Sanesipun jejibahan kolowau guru ugi kedah
anggadahikautaman ingkang langkung inggil tinimbang pedamelan-pedamelan sanes
antawisipun guru kedah mulus salirone , alus wicaranipun, mboten remen supoto
lan sumpah serapah, jatmiko ing solah dados mboten kathah polah, antep
bebudine, paramarto labuhane, ngrumiyinaken kebetahanipun tiyang sanes,patitis
nalara utawi jitupemikiranipun. Ugi becik labete dados remen nandr
kabecikan,sarto ngadohi tumindak awon.
Jejeripun guru ingkang tansah nglaksanaaken nopo-nopo
paugeranipun lan mangertosi nopo jejibahanipunsarto tumindak ingkang mujudaken
kautamaning guru, piyambakipunugi kedah nglaksanaaken nopo-nopo ingkang
gegayutan kaliyan wujud jejeripun guru. Antawisipun inggih meniko rapsilanipun
ingkang arupi : totokromonipun prayogi, anggadahi watak pribadi ingkangtresno
asih dumateng sesami, tansah nyipto dateng leres lan resikipun manah, mangangge
ingkang prasojo nanging pantes, sregep nyambut damel, sedoyo jejibahanipun
meniko kaleksanan rampung kanthi laras,lurus leres,lan sae. Griyanipun resik
lan ngresepake manah, anggenipun gesang tansah mowo pranoto minongko tepo
tulodho dumateng tonggo tepalih., jatmiko ing budi,ruruh sarto wasis, sae
srawungipun,lilo legowo sarto remen tetulung dumateng sinten kemawon.
Dlem catet lagu macapat gambuh ingkang dipun wucalaken
dening guru kulo panjenenganipun bapak M. Maridi ingkang gegayuhan kalian
pedamelan guru.
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutu katula tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh kang dadi awon
Ajanganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayektikojur tan becik
Becik ngupayao iku
Pitutur ingkang sayektos
Abot sangganing guru
Skamubarang perkoro ditiru
Mulo podho tumindako kang ngati ati
Yo sing tuwo yo sing enom
Kudu taat lan mituhu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar